Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliPortal FKOGKFAQPencarianPendaftaranAnggotaLogin


Share | 
 

 sastra adiluhung

Go down 
PengirimMessage
akhmad subekti
Koordinator
avatar

Lokasi : wonosari
Reputation : 3
Join date : 30.03.08

PostSubyek: sastra adiluhung   Thu Apr 10, 2008 1:30 pm

ALELEDHUNGE BRAMBANG

Dening Miguel Hernandez

(Miguel Hernandes (1910-1941), penyair Spanyol ing
kene nyerat kahanan kemiskinane. Geguritan iki kanggo
putrane, sawise nampa layang saka bojone kang
ngandhakake yen ing wektu kuwi kahanane omah wis mung
kari ana roti lan brambang kanggo mangan)

Brambang wus anyes
Nggeges ing mangsa bedhidhing lan miskin
Anyes rina dinane
Anyes wengi ratrine.
Ngelih lan brambang kaliren,
Anyese banyu peteng lan dadi watu
Gedhe lan bunder seser.

Thole anakku turu saiki
Ana ing papan miskin.
Ludira brambang tumpah,
Kinancan gula kang garing,
Brambang lan ketulane wong miskin.

Wanita kulit ireng
Dadya cahyaning rembulan wengi
Kaya adreng ngeloni
Kanthi sorot wengi ana ing papanmu.
Thole, anakku, gumuyua,
Awit kowe bisa nguntal rembulan
Yen dadi karepmu.

Renyahe omahku,
Kerep gumuyua.
Guyumu ana ing mripatmu
Cahyaning bawana
Gumuyua lana,
Supaya sukmaku, krungu guyumu,
Bakal sorak rubuh ing angkasa.

Guyumu mbuka lawang kanggo aku
Kirim swiwi kanggo aku
Nyilak uripku kang sepi,
Nggeret metu aku saka pakunjara.
Guyu kang bisa mabur, ati kang dadi
Thathit ana ing lambemu.

Guyumu iku pedhang
Kang menangake perang,
Ngalahake kembang
Lan renyah guyonmu,
Nggecak srengenge.
Balungku ing tembe,
Lan katresnanku.
Awak aswiwi ngepak-epak ing angin,
Alis obah rikat lan gelis.
Tutukku sedhih:
Terusna anggonmu ngguyu.
Ing papan turumu, tanpa kendhat,
Terus nggawa guyu,
Wulu sa wulu.

Anamu ngandhut jangka mabur
Dhuwur ing angkasa lang amba
Saengga awakmu lair maneh
ing angkasa.
Mugaa aku bisa menek munggah
Bali maneh ing titik kawit mula
Laku sanjamu.

Guyumu, wolung sasi umurmu,
Ana ing mekare kembang jeruk lima.
Galakmu lima tumata,
Untumu lima katon putih
Kaya kembang mlathi.

Kuwi kabeh bakal dadi aji
Kanggo nglairake rasa tresna ing tembe,
Kalane krasa yen ta barisane
Untumu dadi senjata.
Mbulate geni bakal rinasa
Bareng karo gumlethoking untumu
Ngoyak pusering hawa.

Thole, anakku, mabura, lan mencoka
Ana ing rembulan loro ing dhadha:
Iku susu ibumu, brambang-
Sedhih, nanging legamu bakal tinemu.
Tetepa ngadeg nganggo sikilmu.
Tetepa njaga, aja nganti kowe ngerti kang dumadi,
Lan sakabehing kahanan kang terus dumadi.



*Judhul asli: “Nanas de cebolla” . “Lullaby of the
Onion” terjemahan Inggris dening Robert Bly, saka
Miguel Hernandez: Selected Poems, editor Timothy
Baland (Fredonia, NY: White Pine Press, 1989).
Kajawaken bebas dening Tangkisan Letug.
Kembali Ke Atas Go down
http://wasiat.multiply.com
akhmad subekti
Koordinator
avatar

Lokasi : wonosari
Reputation : 3
Join date : 30.03.08

PostSubyek: Re: sastra adiluhung   Thu Apr 10, 2008 1:32 pm

NGASAH RASA LAN BUDI (1)

Dening Marcus Aurelius
Sinerat ing taun 167 Pra Masehi

(Kajawekaken dening Tangkisan Letug)


BUKU KAPISAN

Saka eyangku Verus, aku oleh wulang wuruk ngenani
prakara moral lan nata sikap lan tindak-tandukku.

Saka kuncaraning asma lan kapribadene ramaku, aku nemu
piwulang ngenani prakara urip prasaja lan kautaman
dadi manungsa.

Saka ibuku, urip bekti lan becik, laku tapa, ora mung
sesirik tindak ala, nanging luwih-luwih sesirik
pamikiran ala; lan maneh, urip prasaja kang adoh saka
gebyaring urip sugih lan mulya.

Saka eyang buyutku, kang durung nate mlebu ing
pawiyatan umum, nanging ora sepi pra guru olah rasa
lan budi ing ndalem, aku mangerteni yen ta nggolek
kawruh iku kudu diupaya kanthi kamardikan.


Saka gubernurku, tanpa ora pilih-pilih ngrawuhi
pertandingan Circus, embuh melu sing ijo embuh sing
biru, lan maneh ora dadi partisan ana ing papane
gladiator kanthi ndhukung salasijining embuh kelompok
Parmularius embuh kelompok Scutarius; saka dheweke aku
antuk piwulang nas jiwa-negarawane, yaiku ora
sepisan-pisane nyampur urusan pribadi karo urusane
publik, lan perlu wani ngrungokake swarane para
kawula, uga swarane para pitenah.

Saka Diognetus, aku nemu piwulang supaya ora nyibukake
dhiri ana ing prekara-prekara sepele, lan ora gampang
percaya marang juru klenik tukang gawe pengeram-eram,
para dukung edan kang bisa pamer ngruwat setan jim
pri-perayangan lan sapanunggale; aku nemu piwulang uga
kepiye ngadhepi kuwi kabeh, supaya aja kesusu serah
dhiri kepati-pati marang prakara-prakara kaya ngono
kuwi; aku nyinau prakara perlune njunjung kamardikan
ing wicara; aku nyinau nresnani kawicaksanan
(filosofi); aku nyinau dadi wong kang bisa ngrungokake
liyan saka Bacchius, banjur saka Tandarsis lan
Marcianus; lan aku wis nyoba nyerat dialog ing jaman
timurku; aku uga tau kepingin nyinaoni disipline
wong-wong Yunani.


Saka Rusticus aku mangerteni yen ta sikap lan
tindak-tandukku maju ing kautaman lan disiplin; saka
dheweke aku nyinau supaya ora keli ing kangelan
warna-warna, embuh ing prakra tulisan spekulatif,
embuh ing prakra seni-pidato, lan supaya ora kejiret
dening krenteg mung andulu prakara disiplin, prakara
tata lair, ana ing seni retorika, geguritan lan
susastra; lan aku nyinau supaya ora mlaku ing njeron
omah kanthi busana njaba, utawa supaya tansah tumindak
trap sila; aku nyinau uga nyerat nawala kanthi basa
kang prasaja lan cetha, kaya nawalane kang sinerat
dening Rusticus dhewe tumuju marang keng ibu saka
Sinuessa; kanthi urmat aku gawe nawala marang
sadhengah wong kang wis tau gawe suthiking atiku utawa
marang kang wus tumindak salah, aku ngulurake asih
tresna lan semangat karukunan, bena ora suwe maneh,
kabeh padha sayuk rukun raket pasedulurane.
Saben-saben maca buku, aku nglatih dhiri supaya sabar
anggonku mangerteni isi lan nasing prakara, lan ora
gampang puas lan seneng merga wus purna. Aku uga
nyinau supaya ora gampang setuju marang apa kang
tinulasake utawa jinarwakake ing tembunge manungsa.
Aku rumangsa kapotangan budi marang Rusticus merga wus
nemokake aku marang pamikirane Epictetus, sarana
kumpulaning seratan ngenani kawicaksanan kang wus nate
dak tampa.

Saka Apollonius aku nyinau kamardikaning karsa lan
kateguhan ana ing ngudi upaya gegayuhaning manungsa;
aku ora ngudi saliyane kencenging budi; aku nyinau
kenceng ing janji lan tanggungjawab, ora wedi
sembiring kulit ngendhani isin, kadhangkala nganti
kelangan anak, sanak kulawarga, lan suwe lara
sinangga. Aku ndeleng tuladha-tuladha urip kang cetha
yen ta manungsa bisa teguh ing panjangka nanging uga
wani ngalah, lan ora kesusu asung prentah. Aku
rumangsa beja srawung karo wong kang wus akeh
ngrasakake asin pahite donya lan ngugemi asas-asasing
urip wicaksana, ya pilar-pilare filsafating urip. Wong
kaya mangkono mau pantes nampa urmate manungsa. Aku
golek kawruh marang wong iku kepiye martabatku diajeni
samurwate manungsa tanpa nganggep wong asor kaya ula
utawa tanpa gawe kuciwane wong ing sa pandelenganku.
Saka Apollonius iku, aku ngangsu kawruh jatining
urmate kanca.


Saka Sextus, wong kang tansah enthengan aku nemu conto
kepiye nata brayat manungsa kanthi semangat dadi bapa
utama, lan conto ngenani urip kang selaras karo alam
ing sa-tengen-kiwa. Ana conto uga nata rasa tresna,
anjaga kanthi nestiti ngati-ati kepentingane wong
liya, njunjung sikap toleran wong-wong liya kang
kurang mangerteni prakarane, lan ngurmati uga marang
wong-wong kang kesusu wawasane. Dheweke duwe kautaman
bisa srawung karo kabeh kanca lan tangga, saengga wong
padha rumangsa seneng cedhak omong-omong karo dheweke.
Mulane dheweke banget kinurmatan dening wong liya kang
sesambungan karo dheweke. Bakate nemu prakara anyar
lan nata swasana, budi lan rasa sacara tumata lan
cetha wus dadi asas-asas kang perlu kanggo uripe.
Dheweke ora nate ngetokake nepsune utawa kasedhihane,
nanging sawutuhe dheweke mardika saka rasa kang ora
tumata. Dheweke bisa nyetujoni prakara tanpa
rame-rame, lan nguwasani kawruh kang amba tanpa umuk
adigang adigung adiguna.


Saka Alexander aku nyinau kawruh basa (gramatika),
ngeling-eling maneh basaku kang kleru, lang nyinau
migunakake basa kang santun ora kaya wong-wong barbar
kang kasar ninggal sila lan susastra. Saka dheweke aku
nyinaoni kepiye ulah basa kang migunani kanggo
nanggapi utawa mahyakake batin kang nyetujoni prakara,
utawa kepiye anggonku ulah basa miyak jatine prakara
kang dudu mung prakara tembung nanging uga asung
iguh-pratikel.


Saka Fronto aku sinau ngolah rasa budi apa ta jatine
drengki, mencla-mencle, munafik ana ing jiwa tirani.
Dak waspadakake yen wong-wong ing sakiwa-tengenku kang
sinebut Patriciani iku pada kelangan katresnane wong
tuwa.

Saka Alexander, wong aliran Platonicus, kadhangkala
sok omong kang tanpa prelu, utawa nulis nawala sing
ngandhakake yen aku ora duwe wektu mardika.
Kadhangkala gampang ninggal kuwajibane nganggo alasan
duwe gaweyan liya kang kudu rampung ing wektu iku uga.

Saka Catutuis, aku nyinau dadi wong kang ora gampang
mbasuh asta meruhi kasalahaning kanca, luwih-luwih yen
kanca mau kudu ngakoni salahe tanpa ana prakara kang
cetha. Ing kono, aku nyinau kepiye ngancani lan
mbalekake maneh semangate. Saka dheweka aku nyinau uga
kepiye aku kudu ngurmati guru-guruku, kaya Domitius
lan Athenodotus, lan kepiye aku kudu nresnani
anak-anakku dhewe kanthi satrusing ati.

Saka sedulurku Severus, aku sinau nresnani
sepupu-sepuuku, nresnani kasunyatan lan kaadilan.
Lumantar dheweke aku sinau kenal karo Thrasea,
Helvidius, Cato, Dion, Brutus. Saka dheweke aku nampa
gagasan yen kaputusan negara iku kanggo kabeh warga,
lan kudu ditandangi lan lakokake kanthi padha, amarga
kabeh wong duwe hak lan kamardikan omong lan urip sing
padha. Aku uga sinau ngenani gagasan pamarentahaning
ratu kang ngurmati kabeh warga kanthi kamardikaning
kawula. Aku nyinau uga saka dheweke kateguhan lan
kencenge nyekel kawicaksanan kanggo pamarentahan. Aku
nyinaoni kepiye tetep teguh ngleksanani tumindak becik
lan gawe becik marang kabeh warga, lan nyemangati
kabeh warga uga ngrangkul urip becik lan padha percaya
siji lan sijine, luwih-luwih percaya yen aku aku
nresnani kabeh uga. Saka dheweke aku nemu kejujuran,
ora nyimpen apa kang dadi gagasan lan panemu ngenani
wong-wong kang dianggep ala, supaya wong liya ora
nduga-nduga sing ora-ora. Dheweke ngatonake
kajujurane.

Saka Maximus aku sinau kepiye dadi mandireng pribadi,
lan ora pilih kasih utawa keseret njupuk kaputusan
kang sektarian. Aku oleh kawruh kepiye tansah bisa
seneng ing sakabehing lingkungan, lan ing sajroning
lara. Iki ngenani prakara nyawijine kautaman moral
kang manis lan pantes, lan ngleksanani apa kang wus
rinancang sadurunge tanpa ana rasa kemba. Aku dhewe
weruh yen kabeh wong percaya yen ta Maximus iku kang
utama. Apa kang metu ing tembung, ya iku kang dadi
ulah rasa lan budine. Pikir lan tembung iku padha.
Dheweke ora gampang ngetokake gumune utawa kagete.
Dheweke ora gampang kesusu ing gawe, lan ora tahu
ninggal kuwajibane. Dheweke ora nate bingung utawa
ngungun, lan ora nate gumuyu kanggo nutupi
kasedhihane, senenge, utawa cubriyane. Dheweke wus
biyasa tumindak kanthi becik, lan tansah duwe ati
kanggo ngapura. Dheweke ora tau tumindak nerak tata
susila. Dheweke iku wong kang kepingin tumindak dadi
luwih bener lan becik, lan dudu wong kang ngetokake
yen wis akeh mangan pahit getiring urip. Dak kira, ora
ana wong kang bakal kandha yen dheweke tau diapusi
dening Maximus. Ora ana wong kang wani nganggep yen
awake dhewe luwih becik. Maximus iku uga nduweni rasa
seni humor kang bisa nyenengake wong liya.

(Ana candhake)
Kembali Ke Atas Go down
http://wasiat.multiply.com
akhmad subekti
Koordinator
avatar

Lokasi : wonosari
Reputation : 3
Join date : 30.03.08

PostSubyek: Re: sastra adiluhung   Fri Apr 11, 2008 9:53 am

SRI PANGGUNG

Dening Tangkisan Letug

Ing wewengkon Tegal, ing wilayah perkebunan rakyat,
ana adat sing mranani. Saben bubar panen, masyarakate
padha nanggap kethoprak lan seni budaya liyane.
Kancaku kang durung suwe nonton ing kana gumun dene
isih ana kelompok kethoprak kang populer banget ing
kana. Ing atase mangsa krisis ekonomi lah kok isih ana
kelompok kethoprak sing bisa bertahan lan kreatif.
Kelompok kethoprak rakyat mau malah wus kasil
disenengi dening masyrakat tani.

Sing ngeramake maneh, saben-saben manggung, ana wae
wong-wong sing padha kepencut karo putri-putri kang
lagi padha manggung. Pancen putri-putri mau ing
panggung katon ayu-ayu, lan manis-manis. Senajan ta,
sanyatane, ing urip padinan putri-putri mau gaweyane
ya ora beda karo para penontone. Ana sing dodolan
kacang goreng, ana sing dodolan kupat tahu, lan ana
uga sing mung dadi buruh tani. Yen awan, putri-putri
mau padha diundang "Yu" yen lagi manggung diundang
"Diajeng". Mulane, ing masyarakat mau ana pitembungan
populer "Sri Panggung".

Sebutan "Sri Panggung" kuwi dudu lakon kethoprak,
nanging sebutan kanggo putri-putri rakyat jelata sing
manggung. Ana uga sing diparabi "Yu Sri", ya merga yen
awan bakulan, yen bengi manggung kethoprakan.

Kanggoku, sebutan "Sri Panggung" kuwi ngewot nas kang
wigati kanggo nguripake semangat kerakyatan. "Sri
Panggung" kuwi ateges uga ngangkat drajating rakyat.
Senajan ta uripe padinan mung tani, bakul, lan
sabarang laku uripe wong desa, nanging ngoronging ati
lan jiwa dadi manungsa ora beda karo wong liyane.

Dadi "Sri Panggung" kuwi jiwa kerakyatan sing
dijunjung. Yen bisa ora mung ana panggung kethoprak,
nanging sing luwih baku njunjung drajating rakyat ing
saben kesempatan. Apa maneh kanggone wong-wong sing
padha nyekel panguwasa, njunjung drajating rakyat kuwi
perlu dadi telenging pambudi.

Yen ing basane wong modern ana tembung "demokrasi",
kuwi ora liya ya njunjung kedaulatan rakyat. Iku padha
karo tegese "Sri Panggung". Demokrasi kuwi mujudake
lan mratelakake hakekate "Sri Panggung", masyarakate
sing dijunjung, ora kok malah ditlikung dening elit
politike.

"Sri Panggung" ngelingake jatine demokrasi. Aja nganti
masyarakat kuwi nganti diapusi lan dipelut dening
janji-janji, apa maneh dening para ahli sing ngumbar
ilmu-ilmu kang buntute mung ngapusi, kareben
masyarakat gelem nyoblos calon pemimpin sing ketok
pinter dhewe.
Kembali Ke Atas Go down
http://wasiat.multiply.com
Ipung Purwanto
Camat
avatar

Lokasi : Lubang Buaya Jaktim
Reputation : 5
Join date : 08.03.08

PostSubyek: Re: sastra adiluhung   Tue Aug 05, 2008 2:05 pm

Mas bekti kabeh mau sastro karangane sopo yo...?
kiro2 ono bukune ra...apik kuwi..
Monggo di lanjut...
Kembali Ke Atas Go down
Bangkit Wicaksana
eRTe
avatar

Reputation : 0
Join date : 27.03.08

PostSubyek: Re: sastra adiluhung   Sat Oct 18, 2008 4:07 pm

kui terjemahan ta nyang bahasa jawa ta mas?
Kembali Ke Atas Go down
Sponsored content




PostSubyek: Re: sastra adiluhung   

Kembali Ke Atas Go down
 
sastra adiluhung
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK :: IT GADGET & EDU CORNER :: Boso Jowo-
Navigasi: