Forum Komunitas Online Gunungkidul
 
IndeksJual BeliFAQPencarianPendaftaranAnggotaLogin

Share | 
 

 Cerita cekak

Topik sebelumnya Topik selanjutnya Go down 
PengirimMessage
akhmad subekti
Koordinator


Lokasi: wonosari
Reputation: 3
Join date: 30.03.08

PostSubyek: Cerita cekak   Thu Apr 10, 2008 12:33 pm

Loro Setengah Yuta

Cerita Cekake Suryadi WS

Kanker.
Sapa ora miris krungu jeneng iku. Kalebu Sarmin,
nalika dokter Mahmud paring katrangan ing rumah sakit.
"Mas, bojomu kena kanker payudara. Lan wis rada kasep.
Aku ora meden-medeni, nanging iku perlu enggal
dakkandhakake marang sliramu, demi kamulyanmu
sakulawarga."
"lsih kena diusadani, Dokter?" takone Sarmin miterang.
"Mesthi wae isih. Nanging mung ana wektu setengah
sasi. Kliwat saka iku, aku sakanca wis ora wani
tanggung, awit oyod-oyode wis saya nyebrang
mrana-mrana."
Alus tembunge dhokter Mahmud, nanging iku keprungu
kaya bledheg ing kupinge Sarmin. Notoling ati njalari
ora sungkan-sungkan takon, "Wragade bisa tekan pira,
Dokter?"
"Aku durung bisa netepake kanthi gumathok. Mung
ancer-ancer, maju mundur nem yuta."
Nem yuta. Cacah iku gumawang bola-bali ing dhadhane
Sarmin. Nem yuta. Sajrone setengah sasi. Jagad kaya
kebegan kukus kumendheng nalika dheweke mulih
mboncengake Sarti, bojone sing ditresnani.
Nganti tekan ngomah. Nganti nalika padha mangan. Lan
nganti nalika padha mapan turu. Rasane kaya lagi
dikepung setan galak ing endi-endi papan: ing cagak,
ing jendhela, ing lawang, ing usuk Ian blandar, pating
pentheleng sumedya nggrogoti uripe Sarmin sakulawarga.
"Ora susah miris ya, Ti," guneme Sarmin ngreripih
bojone amrih bisa sumeleh atine.
"Ora kok, Kang. Aku mung sumarah. Pati urip rak Gusti
Allah sing wenang nata."
"Lha, ngono, Ti. Pasrah ing Allah. Sing baku, kita
setiyar sabisane."
"Ragade pira, Kang? Celengane mung ana patang yuta."
"Aja kuwatir. Muga-muga ana dalan."
Iku rerasane. Nanging beda maneh batine. Daging waras
diodhel-odhel, sapa wonge ora miris. Iku batine Sarti.
Kepriye carane golek dhuwit kanggo ngganepi nem yuta?
Iku batine Sarmin. Mangka samono iku durung kapetung
wragad mondhoke ing rumah sakit, sing jarene selawe
ewu sedina. Banjur kudu pirang dina mondhok ing kana?
Sapira banggane sopir truk kaya Sarmin kanggo golek
dhuwit semono akehe sajrone limalas dina?
Sajrone nganam pikiran nganti tekan subuh, wekasane
Sarmin nemu akal. Arep utang dhisik marang juragane.
Mula esuk iku dheweke budhal menyang Sala, nemoni
juragan Marta.
"Aja kok sengguh aku ora percaya marang kowe, Min,"
ngono wangsulane juragan Marta. "Nanging utang semono
akehe iku bakal ngribedi pikiranmu dhewe."
"Lajeng kados pundi, Pak. Mangka kawontenanipun estri
kula sampun gawat sanget."
"Iya, aku ngerti. Lan aku ya ora bakal rningkuh
mbiyantu kulawargamu. Karepku ngene, Min. Aku mentas
tampa pesenan ngangkut barang menyang Bali, nganggo
truk gandhengan. Ongkose patang yuta. Njur baline
ngangkut maneh saka Banyuwangi menyang Yogya, telu
setengah yuta. Iku rak nyandhak pitu setengah yuta.
Bageyanmu sing loro setengah.
Lha rak wis nyukupi sing kokbutuhake. Ning ya kuwi,
telung dina engkas kudu kokangkati, cocog karo
penjaluke sing pesen."
Rada entheng pikirane Sarmin, sanadyan ana ngganjele.
Yen telung dina maneh budhal, apa mengko bisa nunggoni
operasine Sarti?
Nalika dheweke kandha marang bojone, sakala Sarti
nangis mingseg-mingseg. "Kang, apa kowe wentala
ninggal aku sajrone operasi?" ngono sebute Sarti ing
selaning tangise.
"Nanging ya mung iku dalan sing ana, Ti," panglipure
Sarnin kanthi sabar, "mengko rada dakrikatne, ben bisa
nunggoni operasimu."
"Ya wis sakarepmu, Kang. Waton kowe bisa bali
sadurunge dioperasi."
"Muga-muga bisa, Ti. Lan sadurunge aku bali, kowe arep
dakpasrahake Dhik Sarna."
Sarti manthuk nyetujoni. Lan kanthi landhesan
petung-petung iku, esuke padha nemoni dhoktere.
Sarti wiwit dipriksa. Ditlusur riwayat penyakit
sadurunge, ditliti kadhar gulane, hemoglobine, Ian
kabeh kang ana gandhenge karo keperluan operasi.
Wekasan ditetepake, operasi katindakake dina Senen jam
sangalas. Kurang sewelas dina? Apa Sarmin wis bisa
bali?
Ing kamar nomer wolu zal B, Sarmin pamitan bojone,
kanthi swara pegat-pegat kaya wong arep parnitan lunga
menyang akerat.
"Sarti, sing tatag ngadhepi cobaning urip."
Mung iku kang kawetu. Nanging ing burining tenggok
semumpel sewu tembung liyane kang kandheg dening rasa
ngondhok-ondhok, "Sarti, lagi limang taun aku Ian kowe
urip bebrayan. Apa bakale mung tekan kene? Mangka
anakmu isih cilik. Apa kira-kira dhokter Mahmud bisa
nylametake uripmu?"
Kabeh iku ora kocap ing lesan, mung kelair dadi eluh
kang mbrebel saka pojoking mripat. Sarni tanggap
marang pangrasane bojone, temah kawetu tembung
panglilihe, "Kang, aku wis madhep mantep kok. Aja was
sumelang atimu. Urip iki ana sing yasa Ian ngukut,
mula ayo kabeh iki dipasrahake marang Kepareng-E."
lku mung panglilih amrih bojone ora mandheg mangu.
Nanging ing buri tenggok isih akeh tembung sing ora
wentala diucapake. Brebeling eluh ing pipi kuning iku
dadi sulih tembunge Sarti, "Kang, mung samenir
pangarep-areping uripku. Upamane kamar operasi iku
dadi lantaran patiku, sepira banggane rnanungsa arep
nduwa. Atiku wis daktata kanggo ngadhepi lelakon iku.
Kang, kowe darbe wenang tumrap awakku, nanging Gusti
Allah luwih wenang tinirnbang kowe."
Pipi kang kebes iku diarasi Sarmin, tanpa isin marang
adhine Ian wong-wong kang padha nunggoni. Banjur
weling marang adhine, "Sarna, mangsa borong anggonmu
ngreksa mbakyumu. Aku arep mangkat."
Sarna mung manthuk, ora bisa kumecap meruhi lelakone
kakang Ian mbakyune ipe.
Dina-dina candhake, ragane Sarti Ian Sarmin wis pisah
adoh, nangging atine kempel dadi siji. Ing ndhuwur
truk gandhengan kang dikemudheni, Sarmin rurnangsa
weruh wenteh citrane Sarti kang gumlethak ing kamar,
ngenteni sangat kang gawe girising ati. Lan ing kamar
iku, Sarti tansah katon-katonen Sarmin ketantingan
lumawan oyaging montor kang dadi sanggemane. Mung
menyang Bali parane, mung seminggu semayane, nanging
rasane kaya arep lunga menyang sanjabaning bumi,
kendhang ora bakal bali ketemu. Apa iki mung
prentuling rasa tresna kang wus manjiwa?
Klemar-klemer lakune dina, tanpa maelu notoling ati
kang padha ngenteni. Nanging akire tekan dina kang
disemayakake. Dina Senen jam wolulas kliwat telung
prapat. Limang menit maneh Sarti bakal digledheg
lumebu kamar operasi. Lampu-lampu emperan wis padha
murub pating pengangah kaya geni neraka. Mesin
generator kang mligi kanggo operasi wis nggereng kaya
kawah neraka kinebur. Lan jantunge Sarti kedher
gumludhug kaya diocak-ocak setan. Mingkem lathine kang
pucet, nanging batine nguwuh, "Kang Sarmin, aku
kancanana, Kang. Geneya kowe durung teka kene?"
Lan nalika rodha gledhegan wis nggleser ninggal kamar
nomer wolu, batine nguwuh sora, "Kang, aku untapna
menyang alam kubur."
Sarti lan kang padha nunggoni ora ngerti yen wektu iku
Sarmin lagi mbandhangake montore ing dalan gedhe.
Sedhela-sedhela ngungak jam tangane. Wis jam wolulas
kliwat telung prapat. Sesek diesuk-esuk pisambate
marang Sarti, "Oh, Sarti, wis daksengka lakuku nanging
kepeksa ora nyandhak. Mesthine kowe wis digledheg
menyang kamar operasi, nanging lakuku isih kurang
limang kilometeran. Ah, Sarti, nadyan ora menangi
budhalmu mlebu karnar, nanging dakajab bisa meruhi
awakmu metu saka kono. Sarti, ganepe dhuwit operasi
wis dakkanthongi. Loro setengah yuta."
Kaya mabur-mabura lakune Sarmin, kasurung sumengkane
ati. Awak sayah kurang turu ora krasa maneh, awit kang
katon mung blegere Sarti ngathang-athang tanpa klambi
diblerek Ian diguntingi. Atine mak cles kaya disiram
es nalika gumebyare lampu-lampu rumah sakit wis katon
ing kadohan. Ah, telung menit maneh sikil iki wis
tumapak ing tegel emperan. Kari nunggu jumedhule Sarti
saka kamar bedhah. Rasane kaya arep methuk widadari
saka ndhuwur mega. Iba kaya ngapa.
Lakune saya dirikatake. Sikil tengen mancal gas amrih
ora kedhisikan lampu prapatan kang wis kuning. Sarmin
arep menggok dalan kang tumuju rumah sakit iku.
"Rrrngngng."
Dumadakan: "Dherrrr!"
Buk bengkah.
Wit sengon pokah.
Truk pecah.
Getih wutah saka awake Sarmin. Nanging Sarmin dhewe
tetela wis ora bisa ngrasakake.
Sangat iku jam sangalas kliwat. Ana bledheg nyamber
banter kena dhadhane Sarna, tanpa diawali mendhung lan
udan. Mripate mlolo mulat ragane kakangne kang diusung
mlebu rumah sakit. Sakala mbengok sora, "Kang
Sarmiiin!"

Lan ing jero kamar operasi, pakaryan terus lumaku
Kembali Ke Atas Go down
http://wasiat.multiply.com
Ipung Purwanto
Camat


Lokasi: Lubang Buaya Jaktim
Reputation: 5
Join date: 08.03.08

PostSubyek: Re: Cerita cekak   Sun Aug 17, 2008 12:52 am

MAs bekti iki judule dudu cerito cekak ananing kedawan.....just joke is ok.......

Hayo di lanjut....
Kembali Ke Atas Go down
 

Cerita cekak

Topik sebelumnya Topik selanjutnya Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FKOGK ::  :: -